Jumat, 14 Februari 2020

CRITA RAKYAT

     Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapituture. Crita rayat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah.

~ Crita rakyar nduwe unsur-unsur pembangunan :

  1. Tema, yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.
  2. Tokoh/penokohan, yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.
  3. Latar (setting), yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
  4. Alur (plot), yaiku urut-urutane prastawa ing crita.
  5. Sudhut pandhang, yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kepindho, utawa wong ketelu.
  6. Amanat, yaiku pesen kang diaturake dening penganggit marang wong kang maca.

~ Titikane crita rakyat 

  • Panyebarane kanthi lesan,
  • Duweni sifat tradhisional,
  • Sugih carkik lan variasi,
  • Jeneng pangriptane ora konangan,
  • Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.


~ Mupangate crita rakyat

  1. Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
  2. Mupangat dedikatif, yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
  3. Mupangat estesis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
  4. Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
  5. Mupangat religiusitas, yaiku ngemu sajroning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.

~ Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku :

  1. Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
  2. Legendha, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung, kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
  3. Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.



Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA 

GEGURITAN



   Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang ngurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

~ Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
     Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ngisor iki.

  1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
  2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjir menehi tanda ngaso(/) utawa sigeg(//).
  3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
    Menawa cara-cara kasebut sampun dilakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan.

 Apa Bedane
Dening Sudi Yatmono

apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati

apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune 
bedane apa bumbune karo seng dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah

apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran

(Mbangun Tuwuh, angka 138)

~ Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan
    Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kanh nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.


Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

CRITA RAKYAT

     Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ...