~ Crita rakyar nduwe unsur-unsur pembangunan :
- Tema, yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.
- Tokoh/penokohan, yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.
- Latar (setting), yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
- Alur (plot), yaiku urut-urutane prastawa ing crita.
- Sudhut pandhang, yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kepindho, utawa wong ketelu.
- Amanat, yaiku pesen kang diaturake dening penganggit marang wong kang maca.
~ Titikane crita rakyat
- Panyebarane kanthi lesan,
- Duweni sifat tradhisional,
- Sugih carkik lan variasi,
- Jeneng pangriptane ora konangan,
- Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
~ Mupangate crita rakyat
- Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
- Mupangat dedikatif, yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
- Mupangat estesis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
- Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
- Mupangat religiusitas, yaiku ngemu sajroning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
~ Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku :
- Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
- Legendha, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung, kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
- Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
👍
BalasHapusMantabb
BalasHapus🖒
BalasHapusSipp
BalasHapus