Jumat, 17 Januari 2020

SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR

~Pangerten

     Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

~ Maca lan nanggepi teks serat wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.

                      Pangkur
   Mingkar-mingkuring angkara,
           (Ngempet saka murka)
   Akarana karenan mardi siwi,
       (Yen bakal ngajari anak)
   Sinawung remining kidung,
   (Rangkep Ing geguritan ayu)
            Sinuba sinukarta,
      (Dihiasi kanggo katon ayu)
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
 (Ben kang dituju ngilmu apik kelakon)
    Kang tumprap ing tanah jawa,
        (Sing ditrapake ing jawa)
            Agama ageming aji,
     (Pemimpin agama genggeman)



  • Guru Gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru Gatrane saben papada tembang Pangkur ana 7
  • Guru Lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a,i,u,a,u,a,i
  • Guru Wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben gatra (larik). Guru wilangane tembang Pangkur, yaiku 8,11,8,7,12,8,8





Sumber : Buku Gegagaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

25 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus

CRITA RAKYAT

     Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ...